BARONG BANYUWANGI
masyarakat Kemiren, Kecamatan Glagah, Banyuwangi, Barong salah sawijining bagean saka masyarakate kang penting banget. Minangka generasi muda, kita Ing kudu bangga amarga ing tengah globalisasi masyarakat kemiren isih tresna marang kesenian kang dadi warisan saka turun temurun. Barong wujude kaya kewan kang radak nyeremake. Mata metu lan gedhe, lambe amba, lan ana mahkota ing sirahe. Saben ana kagiatan ing desane, wong-wong padha ndelok amarga mesti ana barong.
Ing kene, akeh wong sing ngandharake mula bukane kesenian barong iku beda-beda. Miturut Hasnan Singodimayan salah sawijining budayawan ing Kutha Banyuwangi ngandharake yen Barong iku saka kesenian rakyat kemiren, ing rakyat kemiren zaman mbiyen ana salah sawijining pawongan wadon kang ayu rupane jenenge Ja’rifah. Dheweke mesti dijaga karo kewan kang awake kedhe lan wajahe ala kang diarani barong. “Barong ngabdi banget marang Ja’rifah” saengga bisa dianggep simbol kepahlawanan.
Yen miturut Dhalang Kidung ngandharake yen kesenian barong saka China, sing lan ora nduwe suwiwi. Ing Kidung uga ngandhareke yen miturut sejarahe ora ana baron saka kemiren iku, sing ana ya barong saka bali. Amarga Banyuwangi lan Bali iku daerahe sisihan, saengga bisa uga barong sing saka bali iku digawa ing banyuwangi. Ing kene Barong Kemiren dijaga turun temurun marang kulawargane Mbah Saminah. Mbah Saminah banjur marisake barong ing anake taiku Tompo. Sawise iku diwarisake marang anae yaiku Samsuri, ing pungkasan iki diwarisake adhike Samsuri yaiku Sapii. Bisa diarani Sapii minangka generasi kapapat.
Carita liya ngenani anane Barong Kemiren yaiku saka ketua Barong Tresna Budaya, Bapak Sucipto. Miturut panjenengane ing taun 1647, Mbah Tompo ngimpi mlebu ing Jawa zaman Majapahit. Barong lan Tari Singa China sing ngrembaka ing abad VII nganti abad X. Yen baron ing Bali pancen ana padhane karo barong Kemiren, nanging uga ana bedane. Bedane ing fisike yaiku ukurane barong Bali luwih gedhe
njaluk nggawekene barong. Karo kancane, Mbah Soeb nglakoni apa kang dikarepake mbah Tompo. Anehe nalika nggawe barong, tangane kaya ana sing nglakokake. Sawise ngerti dheweke kaget amarga apa sing wis digawae iku dadi barong kang dikenal saiki.
Barong bisa dilakokake ing ngendi wae lan acara apa wae ora ana larangane. Nanging ana pantangan siji yaiku tari barong ora oleh dilakokake ing desa tanggane Kemiren, yaiku desa Olehsari, kecamatan Glagah. Pantangan iki ana wiwit atusan taun. Ing kene diwiwiti saka desa Kemiren ngadhakake pagelaran Seblang kang dadi paraga yaiku Mbah Sapua. Nalika penari kesurupan, penari ngomong karo Eyang Buyut Tompo supaya pagelaran Seblang dipindhah ing Desa Ole-Olean (Olehsari). Saka kuwi nganti saiki desa Olehsari ora oleh mentasake pagelaran tari barong, uga desa kemiren ora oleh mentasake tari Seblang.
Seni tari Barong kang dipercaya isih ana gayutane karo makam mbah Cili yaiku salah sawijining tokoh leluhur ing masyarakat Kemiren. Buyut Cili dianggep salah sawijining tokoh kang dadi dhayang utawa sing njaga desa Kemiren.
Saliyane dadi seni pegelaran, Barong uga dadi sarana kanggo ritual upacara bersih desa utawa sing dikenal Ider bumi. Barong ing desa kemiren uga dadi salah sawijining ritual bisa digawe ngobati wong lara. Carane menyan dibakar ing ngisor awake barong banjur menyan dideleh ing njero gelaskang wis diiseni banyu. Banyu iku diombekne wong sing nduwe penyakit. Percaya apa ora iku mbalik ing wong dhewe-dhewe
PENULIS : OLEH Erlik Citra Budiarti

1 blogger-facebook so far
keren.menambah pengetahuan
EmoticonEmoticon