Sunday, August 4, 2013

Mitos Alas Purwo Banyuwangi (pura giri selaka)

Mitos Alas Purwa Banyuwangi (pura giri selaka)
Carita mitos ing Banyuwangi akeh banget, ning sing paling wigati lan paling dipercaya yaiku mitos sing sumubar ngenani Pura  sing manggen ana ing alas Purwa. Kanthi jeneng Pura Giri Selaka, Pura Giri Selaka dipercaya tilas bangunane Rakyat Majapahit, nalika kerjaan Majapahit diserbu kaliyan Kerjaan Mataram akeh banget rakyat Majapahit sing minggat menyang


Banyuwangi dipercaya rakyat Majapahit padha mandek ing alas purwa. Rakyat Majapahit manggenan ing gua-gua sing ana ning alas Purwa, amarga Masyarakat Majaphit isih klebu jaman Hindu-Budha mayoritas rakyat Majapahit nganut agama Hindu mula rakyat Majapahit bangun Pura kanthi jeneng Pura Agung sing luwih misuwur Pura Giri Selaka, padhatan Pura Giri Selaka didakake panggenan upacara Pagerwesi.

            Kabeh katrangan ing ndhuwur mau nyaritakake mula bukane Pura Giri Selaka, mula amarga legenda kuwi mau ana pura ing tegah alas Purwa,ngenani mitos sing sumebaring daerah alas Purwa yaiku, dhek jaman semana ana salah sawijine wisatawan sing mlebu alas Purwa delok kaendahane

Pantai Pancur sadurunge mlebu pantai Pancur wisatawan kudhu ngeliwati Alas yaiku alas Purwa, wisatawan mau kesengsem kaliyan kaendahane alas Purwa saengga wektu mulih, dheweke njupuki watu-watu sing ana ing alas kuwi, dheweke ngira yen kuwi mau watu karang (batu karang),

 nanging nalika watu kuwi digawa mulih ning omah, dheweke ngarasakake lara sing miturut medis ora ana tambane utawa ora keditek apa sing njalari lara, dheweke banjur diimpeni kudu balekne watu kuwi mau menyang panggenane.

Sawise dheweke balike watu kuwi menyang panggone, jebule watu kuwi nuduhake pura yaiku Pura Giri Selaka. Mula saka kuwi masyarakat Banyuwangi lumrahe ora wani yen njupuki apa-apa sing ana ing alas Purwa, merga wedi kena balak yaiku kutukan.

Narasumber; MohSaiful

Artikel Terkait


EmoticonEmoticon